Jumat, 24 April 2015

Semplah

aku lintang kang kelangan wengi
tanpa abyor, tanpa cahya
nalika sliramu jumangkah
ngadoh
nggembol ati semplah

'janur kang mlengkung dadi seksi, nda'
sambatmu

kita kadya garis putih
sapinggiring dalan
menggok ngiwa apa nengen
sowang sowang

====oooOOOOooo====

Tidak ada komentar:

Posting Komentar