grimis nggrejih iki
kadya tangising sepi
kang semimpen
rapet ing telenging ati
wewayanganmu
nglegena, anglelena
ambethot rasa kapang
kang ora tapis kasuntak
nalika jejagongan
wektu kang lumayu
ninggal aku tanpa swara
luru ati liya
kang kebah sih tresna
sliramu wis tega
jumangkah
lali marang tembang asmaradana
kang mbok tinggal nalika semana
dadi pangayem-ayem
===ooooOOOoooo===
kadya tangising sepi
kang semimpen
rapet ing telenging ati
wewayanganmu
nglegena, anglelena
ambethot rasa kapang
kang ora tapis kasuntak
nalika jejagongan
wektu kang lumayu
ninggal aku tanpa swara
luru ati liya
kang kebah sih tresna
sliramu wis tega
jumangkah
lali marang tembang asmaradana
kang mbok tinggal nalika semana
dadi pangayem-ayem
===ooooOOOoooo===
Tidak ada komentar:
Posting Komentar